Teks Khutbah Jumat Singkat Tentang Bulan Syawal: Istiqomah Meningkatkan Iman dan Taqwa dalam Bahasa Jawa

- 5 Mei 2022, 20:14 WIB
Ilustrasi. Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat tentang bulan Syawal, istiqomah meningkatkan iman dan taqwa dalam Bahasa Jawa.
Ilustrasi. Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat tentang bulan Syawal, istiqomah meningkatkan iman dan taqwa dalam Bahasa Jawa. /FREEPIK/wirestock

Saking dawuh Nabi meniko, kito sampun suci, resik, ampun ngantos kotor dan kebak doso maleh. Keranten meniko, sahe sanget menawi wulan syawal meniko dipun terasaken puasa sunnah syawal. Nderek dawuhipun Nabi Muhammad SAW.

مَنْ صَامَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ بِسِتٍّ مِنْ شوال كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ

“Sinten mawon ingkang sampun nindaaken puasa Ramadhan, lajeng dipun terasaken puasa 6 dinten ing wulan syawal, mongko tiyang niku angsal ganjaran kados tiyang ingkang puasa selami setunggal tahun.” (HR Muslim).

Baca Juga: Tata Cara dan Bacaan Niat Salat Idul Fitri 2022 di Rumah, Lengkap Jumlah Takbir dan Teks Khutbah Singkat

Poro ulama sampun nerangaken, bileh puasa sunnah syawal meniko sanget sahenipun. Nopo maleh menawi dipun laksanaaken sakba’danipun riyoyo Idul Fitri, utawi tanggal 2 Syawal langsung puasa sunnah. Menawi mboten saget dipun laksanaaken kanti lumintu, saget ugi dipun laksanaaken dinten sanesipun. Ingkang pokok tetep dipun laksanaaken wonteng ing sang lebetipun wulan syawal. Saget mboten urut, ananging kedah genep 6 dinten ing wulan syawal.

Sidang Jum’at Rahumakumullah.

Wulan syawal meniko ugi sahe sanget kangge ningkataken tali silaturahim. Meniko nderek dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

“Sinten mawon ingkang kepengen dipun jembaraken rizkinipun lan disranteaken ajalipun (utawi dipanjangaken umuripun), monggo cepet-cepet silaturahim.”

Miturut Imam an-Nawawi ing Kitab Syarh Shahih Muslim, maksudipun “dijembaraken rizkipun” inggih meniko rizki dados jembar lan tambah kathah. Ugi rizkinipun tambah berkah. Secoro lahir, rizkipun dereng mesti nambah, ananging secoro batin, rizkinipun katah berkah, dadosaken urip bungah, tentrem lan keluargo ingkang bahagia dunio dumugi akhirat.

Ing pungkasan, monggo wulan syawal meniko wekdal ingkang utami kangge ningkataken ibadah lan amal sholih. Shalat fardhunipun dipun sempurnakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturahiminipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos andhap ashor lan prasojo, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging i’tiqod ingkang sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.

Baca Juga: Tata Cara dan Doa Niat Sholat Idul Fitri Berjamaah, Lengkap dengan Contoh Teks Khutbah Singkat 2022

Halaman:

Editor: Muhammad Suria


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x