Teks Khutbah Jumat Singkat Tentang Bulan Syawal: Istiqomah Meningkatkan Iman dan Taqwa dalam Bahasa Jawa

- 5 Mei 2022, 20:14 WIB
Ilustrasi. Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat tentang bulan Syawal, istiqomah meningkatkan iman dan taqwa dalam Bahasa Jawa.
Ilustrasi. Berikut contoh teks khutbah Jumat singkat tentang bulan Syawal, istiqomah meningkatkan iman dan taqwa dalam Bahasa Jawa. /FREEPIK/wirestock

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sidang Jum’at ingkang dipun rahmati Allah Swt. Mangga sami tansah budidaya lan ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Kanthi mekaten, kita Insya Allah badhe pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.

Baca Juga: Kumpulan Naskah Khutbah Idul Fitri PDF Bisa Download di Link Ini, Ceramah Lebaran Singkat dan Mengharukan

Sidang Jum’at Rahumakumullah.

Wulan Syawal meniko kito sampun sareng-sareng ngrayaaken Idul Fitri. Inggih meniko sedoyo umat Islam mugi-mugi angsal derajat taqwa lan angsal kamulyan saking Allah Swt. Keranten sampun angsal derajat taqwa, monggo terus ningkataken ibadah lan amal sholih, ampun ngantos putus istiqomahipun.

Meniko sesuai kaleh makna syawal, inggih meniko wulan ningkataken sedoyo kesahenan. Nderek dawuhipun Imam Ibnul ‘Allan asy Safi’i wonten ing kitab Dalilul Falihin li Syarh Riyadh al-Shalihin ingkang sampun nerangaken.

“Nami wulan Syawal meniko dipundut saking kalimat Syaalat al-ibil, ingkang artosipun onta niku ngangkat utawi negakaken ekoripun. Syawal dimaknai maketan, sebab rumiyin tiyang-tiyang Arab gantungaken alat-lat perang, karanten sampun cerak kalen bulan haram, inggih meniko wulan larangan kangge perang”.

Makna Syawal meniko keranten sampun dados tradisi tiyang Arab. Manawi sampun manjing wulan syawal dan wulan-wulan haram ( Dzulqaidah, Dzulhijjah dan Muharram), tiyang Arab sadar mboten purun maleh perang, utawi genjatan senjata. Mboten wonten maleh musuhan kaleh suku dan qabilah sanesipun.

Baca Juga: Teks Khutbah Idul Fitri 2022 Singkat tentang Silaturahmi Lebaran di Tengah Pandemi

Milo saking meniko, wonten wulan syawal monggo terus nindaaken dan istiqomah nglaksanaaken ibadah lan amal sholih, sahinggo taqwa kito mboten putus, anangis malah tambah sahe dan tambah berkahipun.

Sampun diriwayataken saking Abu Hurairah, bileh Kanjeng Nabi Muhammad sampun dawuh.

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ‏

“Sinten mawon ingkang puasa wonten ing wulan Ramadhan kerono iman dan ngarep-ngarep ganjarane Allah, bakal dingapuro dosa-dosanipun ingkang sampun kalampah.”

Halaman:

Editor: Muhammad Suria


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x