Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa yang Membuat Jamaah Menangis Lengkap dengan Bacaan Doa

- 15 September 2022, 16:39 WIB
Ilustrasi - teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa yang membuat jamaah menangis lengkap dengan bacaan doa bahasa Arab.
Ilustrasi - teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa yang membuat jamaah menangis lengkap dengan bacaan doa bahasa Arab. /Pexels/@Md Amir Umar"

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat NU Lengkap dengan Doa Inspirasi Bulan Safar Cuma 5 Menit: Kunci Sukses Meraih Kemenangan

Pranyata akehe bandha, ora ora bias njamin lestari uripe. Nalika Allah nimbali dheweke ora ana sing bisa nyegah dheweke. Dados griya ingkang kito mbangun, kados pundi kawontenan, sae utawi awon, kedah dipungsinakaken kangge ngibadah dumateng Allah, ugi dados papan panggenan kluarga, insya Allah mugi-mugi manfaat dateng alam kubur mengko. Kita uga ora bisa nolak tresna marang arta-bandha, agama kita ora nglarang, anggere kita ora nglirwakake tuntunan agama. Kalih ing babagan cara ngasilaken, kanthi makarya miturut aturan mu’amalah, lan kanthi cara ingkang sah, ugi ing pundi panggenan bandha. Kasugihan ingkang kita pikantuk saking usaha kita nyambut damel mboten sakmesthinipun kagungan kita sedaya, ananging wonten hak kangge tiyang sanes ingkang kedah kita aturaken. Pangandikane Gusti Allah:

وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ * لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ *

“Lan wong-wong kang ing bandhane ana bagean tartamtu, kanggo wong-wong (miskin) sing njaluk lan wong-wong sing ora duwe apa-apa (sing ora gelem njaluk). (Al-Ma’arij: 24-25).

Bahkan Nabi Muhammad SAW ugi paring peringatan dateng tiyang-tiyang ingkang sugih:

ويـل لـلأغـنـيـاء مـن الـفـقـراء يـوم الـقـيـامـة يـقـولـون ربـنـا ظلـمـونـا حـقـوقـنـا التى فـرضـت عـلـيـهـم

“Bilai kanggone wong sugih, yen wong mlarat duwe hak marang awake dhewe. Ing dina kiyamat, wong-wong mau padha sambat marang Allah: “Dhuh Pangeran kawula, tiyang-tiyang ingkang sugih punika sampun nganiaya dhateng kawula, ngrampas hak-hak kawula, boten nindakaken kewajiban ingkang Paduka paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sugih”. Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya! Mugi-mugi Allah tansah paring hidayah, kekuatan iman, tansah emut dateng tugase awake dewe gesang wonten ing alam dunyo, tansah mituhu, nderek dawuh-dawuhipun Allah, ugi nderek daten tindak lampahe kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita dipun paringi hasanah fiddunya ngantos akhirot…amin ya rabbal alamin.

Baca Juga: Contoh Pembukaan Pidato Islami yang Baik, Menarik dan Singkat Cocok untuk Mukadimah Khutbah

Khutbah II

Halaman:

Editor: Bagus Aryo Wicaksono


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x