Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa yang Membuat Jamaah Menangis Lengkap dengan Bacaan Doa

- 15 September 2022, 16:39 WIB
Ilustrasi - teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa yang membuat jamaah menangis lengkap dengan bacaan doa bahasa Arab.
Ilustrasi - teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa yang membuat jamaah menangis lengkap dengan bacaan doa bahasa Arab. /Pexels/@Md Amir Umar"

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya! Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kita soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad saha sarana kita sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawula-kawula nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).

Baca Juga: Teks Khutbah Jumat Terbaru dengan Tema Pentingnya Sifat Malu Edisi 9 September 2022

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Sumangga kita sami migatosaken fenomena pagesangan ing jaman samenika, ingkang ndadosaken greget ngantos kathah tiyang, satemah nglalekaken jejibahan ingkang kedah dipun tindakaken. Nabi Muhammad SAW nate ngramal kasunyatan iki kanthi dawuhipun:

سـيـأتى عـلى أمـتي زمـان يحـبـون الـخـمـس ويـنـسون الـخمـس
يحبـون الـدنـيـا ويـنـسـون الأخـرة , ويحـبـون الـحـيـاة ويـنـسـون الـمـوت و يحـبـون الـقـصـور ويـنـسـون الـقـبـور, ويحـبـون الـمـال ويـنـسـون الـحـســاب , ويحـبـون الـخـلـق ويـنـسـون الـخـالـق

Bakal tumeka sawijining wektu tumrap umatku, ummatku seneng limang perkara lan nglirwakake limang perkara. 1. Padha tresna marang donya nganti lali marang akherat. 2. Padha seneng urip ing donya iki nganti lali mati 3. Padha tresna omah ing donya iki, nganti lali omah ing kuburan mengko. 4. Padha tresna marang bandane nganti lali marang petungan akhirat. 5. Padha tresna marang makhluk, nganti lali marang Dzat Kang Maha Kuwasa.

Baca Juga: Teks Khutbah Jumat Terbaru dengan Tema Menyikapi Kenaikan Harga BBM: Link Download PDF Lengkap

Halaman:

Editor: Bagus Aryo Wicaksono


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x