Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2022 dan Teks MC Pembawa Acara Bahasa Jawa

- 16 Agustus 2022, 18:05 WIB
Ilustrasi - doa malam Tirakatan 17 Agustus 2022 dan teks MC atau pembawa acara dalam bahasa Jawa.
Ilustrasi - doa malam Tirakatan 17 Agustus 2022 dan teks MC atau pembawa acara dalam bahasa Jawa. /Pixabay/mohamed_hassan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Dukuh, Ingkang kinurmatan bapak ketua RT/RW lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga kita ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang Maha Kuaos ingkang maringi kita sedaya hidayah, barokah saha rahmatipun.

Para rawuh ingkang kula hurmati, wonten mriki kula kajibah supados ndherekaken adicara punika kepareng kula maosaken rerantaming adicara. Inggih menika:

1. Ingkang sepisan pambuka.
2. Kalih nembangaken lagu Indonesia Raya.
3. Kaping tiga yaiku atur pangandikan bapak dukuh.
4. Adicara kaping sekawan yaiku doa.
5. Adicara kaping gangsal yaikupentas seni lan kethoprakan sesarengan pemuda.
6. Lan adicara kaping enem yaiku panutup.

Baca Juga: Teks Doa Upacara Hari Kemerdekaan 17 Agustus Peringatan HUT RI ke-77 untuk Penutup Acara, Ini Doa Singkat

Mekaten para rawuh sedaya ingkang minulya rantamaning adicara ing kalenggahan punika.

Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kita sedaya manungku puja konjuk wonten ngarsa daleming Gusti Allah SWT.

Sumangga kula dherekaken maos Basmalah sesarengan.

Bismillahirahmanirrahim.
Matur nuwun.

Halaman:

Editor: Bagus Aryo Wicaksono


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x