Download TEKS MC Pembawa Acara Syukuran Pulang Haji 2024 PDF dan Word Gratis Naskah Bahasa Jawa di Link Ini

- 24 Juni 2024, 15:42 WIB
Ilustrasi: Download teks MC pembawa acara syukuran pulang haji format PDF dan Word gratis dengan naskah Bahasa Jawa di link ini.
Ilustrasi: Download teks MC pembawa acara syukuran pulang haji format PDF dan Word gratis dengan naskah Bahasa Jawa di link ini. /PEXELS/ Pixabay

-Dumateng Panjenenganipun Bopo K Ihsan syakur
-Dumateng Panjenenganipun Bopo KH M Tauhid
-Dumateng Panjenenganipun Bopo KH M Taqwa ingkang satuhu luhuring budi
-Dumateng sedoyo poro tamu undangan ingkang minulya

Baca Juga: Kapan Jemaah Haji Pulang ke Indonesia? Cek Jadwal Kepulangannya 

Sumangga kula derekaken sesarengan manengku puja wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang, wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi, tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sedaya dalasankula, saengga kita saged kempal manunggal ing pawiwahan menika, mugi-mugi kanthi pengaosan sakmangkeh menika sageda nambahi iman lan taqwa kita sedaya, Biqoulina Alhamdulillahirabbil ‘alamin.

Sholawat soho salam mugi konjuk dhumateng ngarsanipun junjungan kitha Nabi agung NabiMuhammad SAW, ingkang kitha mangantu-ngantu syafaatipun mbenjang ing Yaumul Kiyamah. Allahumma AMIN…

Hadirin wal hadlirat Rahima Kumullah. Ing mriki kula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sami, Hanamung mundi dawuhpanjenenganipun Bapa.... / Ibu .... (shohibul Bait). Supados ngayahi jejibahan nglumataraken adicara wonten ing dalu punika.

Baca Juga: Apa Itu Murur Haji: Pengertian, Alasan Pelaksanaan, dan Hukumnya Menurut PBNU

Para Bapak saha para ibu, hadirin wal Hadirat Rahima Kumullah.

Kepareng kulo maosaken rantapaning adicara ingkang bade kalampah wonten ing dalu punika :

1. Adicara ingkang angka setunggal nuninggih pambuka.
2. Dipun lajengaken waosan Ayat-ayat Suci Al-Qur'an.
3. Adicara ingkang angka tigo, Waosan kalimah Toyyibah Tahlil lan Doa
4. Adicara ingkang angka sekawan, sambutan shohibul Bait
5. Adicara sak lajengipun inggih punika, Mauidloh Hasanah lan dipun tutup kaliyan do'a.

Hadirin Wal Hadirat Rahima Kumullah.

Halaman:

Editor: Iman Fakhrudin


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah