2 Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara Malam Tirakat HUT Kemerdekaan RI Lengkap dengan Susunan Acara

- 14 Agustus 2022, 11:40 WIB
contoh teks naskah pembawa acara HUT Kemerdekaan RI dalam Bahasa Jawa.
contoh teks naskah pembawa acara HUT Kemerdekaan RI dalam Bahasa Jawa. /freepik.com/benzoix

Ingkang kinurmatan Bapak Dukuh, Ingkang kinurmatan bapak ketua RT/RW lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga kita ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang Maha Kuaos ingkang maringi kita sedaya hidayah, barokah saha rahmatipun.

Para rawuh ingkang kula hurmati, wonten mriki kula kajibah supados ndherekaken adicara punika kepareng kula maosaken rerantaming adicara. Inggih menika:

1) Ingkang sepisan pambuka.

2) Kalih nembangaken lagu Indonesia Raya.

3) Kaping tiga yaiku atur pangandikan bapak dukuh lan potong tumpeng.

4) Adicara kaping sekawan yaiku. pengumuman para juara lomba 17-an.

5) Gangsal yaiku pentas seni lan kethoprakan sesarengan pemuda.

6) Lan adicara kaping enem yaiku panutup.

Mekaten para rawuh sedaya ingkang minulya rantamaning adicara ing kalenggahan punika. Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kita sedaya manungku puja konjuk wonten ngarsa daleming Gusti Allah SWT. Sumangga kula dherekaken maos Basmalah sesarengan.

Halaman:

Editor: Iman Fakhrudin


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x